Sengkalan Miring

Download Report

Transcript Sengkalan Miring

SENGKALAN
•
Prasasti Yudati Putri
(16/XI MIA 1)
•
Puspita Dewi
(17/XI MIA 1)
•
Reka Indera Malis
(18/XI MIA 1)
•
Reni Nur Hidayati
(19/XI MIA 1)
•
Tita Izatul Mubarokah (20/XI MIA 1)
Punapa Ta Ingkang Dipunwastani
Sengkalan Punika ?
Sengkalan punika saking
tetembungan sansekerta saka + kala,
saka ateges salah satunggaling warsa
ingkang kaginakaken déning bangsa
Hindu, wondéné Kala tegesipun
wekdal utawi pétangan.
Tetembungan saka kala, lajeng
banjur éwah dados sangkalan lan
sengkalan.
Sengkalan punika saged
dipuntegesi, tetembungan ingkang
rinengga salebeting ukara lan
nggadhahi teges angkaning warsa.
Wondéné pangrakiting sengkalan
punika mawi cara walikan
tegesipun anggènipun maos mawi
sarana dipunwalik.
Tuladhanipun Sengkalan ?

Sengkalan angka warsa 1983 minangka
tetenger adeging SMA Jenglot
Tri Èsti Wiwara Siwi
(3 8
9
1 )

Tuladha sengkalan punika boten kawaos
angka warsa 3891 nanging kawaos 1983,

Kok saged mekaten ?

Kawruh sengkalan punika nggadhahi waton
mekaten :
3
Ékan
8
Dasan
9
Atusan
1
Èwon
Tri
3
Esti
8
Wiwara
9
Siwi
1
Dados sengkalan Tri Esti Wiwara Siwi :
 Tembung
Tri punika nggadhahi watak 3
lan wonten papan ékan mila kawaos
tiga (3).
 Tembung
èsti punika nggadhahi watak
8 lan wonten papan dasan mila
kawaos wolung dasa (80).
 Tembung
wiwara punika nggadhahi
watak 9 lan wonten papan atusan mila
kawaos sangangatus (900).
 Tembung
Siwi punika nggadhahi watak
1 lan wonten papan èwon mila kawaos
sèwu (1000).
Mila sengkalan nginggil
kalawau
Tri Esti Wiwara Siwi
kawaos angka warsa sèwu
sangangatus wolungdasa tiga
utawi sèwu sangangatus
wolungpuluh telu.
Punapa Mawon
Wernanipun Sengkalan?
 Miturut Wujudipun
 Miturut Jinisipun
Miturut Wujudipun

Suryasengkala
Sengkalan ingkang kadamel
kanggé nengeri lumampahing
angkaning warsa surya.

Candrasengkala
Sengkalan ingkang kadamel
kanggé nengeri lumampahing
angkaning warsa candra (warsa
Jawa).
Tuladhanipun Suryasengkala ?

Sengkalan angka warsa minangka
tetenger adeging SMA N 1 Sanden,
Bantul ;
Tri Esti Wiwara Siwi  warsa Masehi 1983
Nggadhahi watak 3
Nggadhahi watak 8
1983
Nggadhahi watak 9
Nggadhahi watak 1
Tuladhanipun Candrasengkala ?

Sengkalan angka warsa
minangka tetenger adeging
Kraton Demak Bintara ;
Geni Mati Siniram Janmi warsa Jawa1403
Nggadhahi watak 3
Nggadhahi watak 0
Nggadhahi watak 4
Nggadhahi watak 1
1403
Miturut Jinisiipun

Sengkalan Lamba
Sengkalan ingkang kadamel salebeting ukara mawi
tetembungan – tetembungan ingkang prasaja.

Sengkalan Miring
Sengkalan ingkang kadamel salebeting ukara mawi
tetembungan ingkang miring saking tetembungan
watak sengkalan lamba.

Sengkalan Memet
Sengkalan ingkang kadamel boten mawi piranti
ukara, nanging adatipun awujud sesunggingan
(gambar), reca, candhi, gedhong, lan
sakpanunggalanipun. Wondéné maosipun saged
dados sengkalan lamba punapadéné miring.
Tuladhanipun Sengkalan
Lamba ?
Buta Lima Naga Siji
warsa Jawa 1855 Dal Windu
Sangara
Nggadhahi watak 5
Nggadhahi watak 5
Nggadhahi watak 8
Nggadhahi watak 1
1855
Tuladhanipun
Sengkalan Miring ?
Tri Esti Wiwara Siwi

Tahun Masehi 1983
Tembung t]i sami tegesipun kaliyan
telu ingkang dipunkajengaken punika angka
tiga, mila tembung t]i nggadhahi watak 3 (tiga).

Tembung [asTi sami tegesipun kaliyan gjh
ingkang dipunkajengaken punika gajah utawi
antebing manah, wondéné gjh punika wonten
gegayutanipun [asTi mila nggadhahi watak 8
(wolu).
Tri Esti Wiwara Siwi

Tahun Masehi 1983
Tembung wiwr tegesipun sampun cetha mila
nggadhahi watak 9 awit tembung wiwr punika
kajumbuhaken kaliyan lw= utawi gpur mila

watak tembung wiwr nggadhahi watak 9
(sanga).
Tembung siwi sami tegesipun kaliyan put]
ingkang nggadhahi watak 1 (setunggal).
Tuladhanipun Sengkalan
Memet ?
 Ingkang Kawaos Dados Sengkalan
Miring
 Ingkang Kawaos Dados Sengkalan
Lamba
Ingkang Kawaos Dados
Sengkalan Miring
Dik Gajah Tinunggangan Jalma
warsa Jawa 1785
Wawu Windu Kuntara
Sengkalan memet nginggil punika boten
kawaos Dik Jalma tinunggangan Gajah
nanging kawaos Dik Gajah Tinunggangan
Jalma, déné saged dipunandharaken kados
ing ngandhap punika ;
Nggadhahi watak 5
Nggadhahi watak 8
1785
Nggadhahi watak 7
Nggadhahi watak 1
Ingkang Kawaos Dados
Sengkalan Miring
Surya Catur Wiwaraning Jagad
warsa Jawa 1941
Éhe Windu Kuntara.
Ingkang Kawaos Dados
Sengkalan Lamba
Geni Dadi Sucining Jagad
warsa Jawa 1443
Alip Windu Sancaya
Punapa Ta Kagunanipun
Sengkalan Tumrap Bebrayan
Agung Jawa ?
Minangka sarana kanggé nengeri
angkaning warsa salebeting
panyeratan layang utawi serat –
serat Jawa.
Nir Musna Èsthi Raja
warsa Jawa 1800
Bé Windu Sancaya
minangka tetenger panyerating
serat Ajisaka
Minangka sarana kanggé nengeri
angkaning warsa salebeting yasan
wewangunan Candhi, Gedhong,
Grha (griya).
Dwi Naga Rasa Tunggal
warsa Jawa 1682
Jimakir Windu Adi
Minangka tetenger adeging
Karaton Kasultanan Ngayogakarta
Hadiningrat.
Minangka sarana kanggé
nengeri salah satunggaling
kadadosan ingkang wigatos.
Geni Dadi Sucining Jagad
warsa Jawa 1443
Alip Windu Sancaya
Minangka tetenger yasan
kekayon / gunungan
wayang.
Minangka sarana kanggé
panyandraning utawi panjangka
kadadosan salebeting warsa.
Tirta Muluk Tanpa Swiwi
warsa Masèhi 2004
Wonten kadadosan Tsunami ing
laladan Nangroe Aceh
Darussalam
Watak – Watak Tembung
Ingkang Asring Kaginakaken
Salebeting Ndamel Sengkalan
Setunggal
Gangsal
Kalih
Nem
Tiga
Sekawan
Sanga
Kosong
Pitu
Wolu
Watak Setunggal
Barang (perangan angganing
manungsa utawi kewan) ingkang
cacahipun namung setunggal,
 Barang ingkang awangun bunder,
janma utawi manungsa.
 Utawi saged ngginakaken tembung
kanthi dhasar sarana guru dasanama,
inggih menika tembung ingkang sami
tegesipun dipun-anggep sami watak
(aji) wilanganipun

Tetembungan Ingkang Nggadhahi
Watak 1(Setunggal)

Tunggal,

Semèdi,

Candra,

Siji,

Nabi,

Kartika,

Nyawiji,

Rupa,

Urip,

Gusti,

Maha,

Wani,

Sujanma,

Iku,

Putra,

Jalma,

Rat,

Tyas,

Wong,

Jagad,

Kalbu,

Bumi,

Surya

Wardaya,

Bawana

Narpa

Pratala

Raja

Pratiwi

Bantala

Ratu

Kisma
Watak Kalih

Barang ingkang cacahipun temtu
kalih.

Utawi saged ngginakaken tembung
kanthi dhasar sarana guru sastra,
inggih menika tembung ingkang
nelakaken namaning barang
kalihan pakartinipun (kanggenipun)
kaanggep sami watak
wilanganipun.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 2 (Kalih)
Kalih, Dwi, Asta, Nembah,
Nyembah, Nétra, Caksu, Soca,
Pandulu, Tingal, Paningal,
Kembar, Myat, Swiwi, Peksi,
Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi,
Kanthi, Apasang, Sungu,
Talingan, Karna. Lsp.
Watak Tiga

Latu inggih sadaya barang mawi
latu.

Utawi saged ngginakaken tembung
kanthi dhasar guru dasanama.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 3 (Tiga)
Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni,
Ujwala, Murub, Urub, Dahana,
Payudhan, Yudha, Perang,
Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr,
Kawruh, Guna, Wédha, Naut,
Teken, Pawaka, Rananggana,
Brama. Lsp.
Watak Sekawan

Toya, inggih sadaya tembung
ingkang ateges toya utawi wujud
toya.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 4
(Sekawan)
Papat, Pat, Catur, Wahana,
Warih, Dadya, Kéblat, Suci,
Wening, Nadi, Toya, Jaladri,
Samodra, Tasik, Sindu, Marta,
Karta, Masuh, Segara. Lsp.
Watak Gangsal

Tembung-tembung ingkang ateges
buta, panah (jemparing), saha
angin.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 5 (Gangsal)
Lima, Gangsal, Panca, Pandawa,
Wisik, Gati, Indriya, Parastra,
Gaman, Panah, Pusaka,
Lungid, Landhep, Guling, Diyu,
Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi,
Wil, Galak, Tata,
Maruta, Bayu, Samirana, Angin,
Marga. Lsp.
Watak Enem

Araning raos (legi, kecut, pedhes,
pait, asin, gurih; getir, sepet, langu,
leteng),

Tembung ingkang ngemu suraos
ebah (obah, oyog, oyag, moyagmayig),

Saha tembung ingkang mawa
teges sadpada (walang, tawon,
kinjeng, kumbang).
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 6 (Nem)
Nem, Sad, Rasa, Hartati,
Sarkara, Tikta, Obah, Oyag,
Kayu, Wreksa, Prabatang,
Lindhu,
Mangsa, Naya, Wayang, Ilat.
Lsp.
Watak Pitu

Pendhita gunung pitu nunggang
jaran.

Tegesipun tembung ingkang
awatak pitu menika: pendhita(=
resi, wong suci, bagawan,
lsp); gunung (= ardi, prawata, redi,
aldaka, lsp); pitu (= sapta, sastra
swara: a, i, u ,e o, re, le, lsp);
nunggang (= numpak, nitih, lsp);
jaran (= turangga, kuda, kapal,
titihan), lsp.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 7 (Pitu)
Pitu, Sapta, Prawata, Parwata,
Giri, Arga, Gunung, Acala,
Pandhita, Resi, Wiku, Sogata,
Swara, Dwija, Wulang, Mulang,
Weling, Wasita, Tunggang,
Titihan, Titih, Turangga,
Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni.
Lsp.
Watak Wolu

Gajah (=esthi, liman, dwipangga,
lsp); kewan rumangkang (reptil) (=
naga, sawer, salira,bunglon, cecak,
lsp)

Utawi saged ngginakaken tembung
kanthi dhasar sarana guru sastra,
inggih menika tembung ingkang
panyeratipun sami, sanadyan
benten tegesipun watak
wilanganipun dipun-anggep sami.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 8 (Wolu)
Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira,
Murti, Bujangga, Pujangga,
Manggala, Taksaka, Ula,
Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa,
Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi,
Gajah, Dirada, Kunjara,
Tanu, Madya. Lsp.
Watak Sanga

Tembung ingkang ateges dewa
(jawata, bathara, apsara lsp) saha
barang-barang ingkang kaanggep
bolong.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 9(Sanga)
Sanga, Sang, Nawa, Déwa,
Dwara, Lawang, Kori, Gapura,
Lawang, Wiwara, Ambuka,
Gandha, Puspa, Kembang,
Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra,
Gatra, Menga, Mancep. Lsp.
Watak Kosong

Tembung-tembung ingkang ngemu
suraos boten wonten.
Tetembungan Ingkang
Nggadhahi Watak 0(Kosong)
Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca,
Mlethik, Langit, Akasa, Wyat,
Tawang, Kombul, Muluk,
Nenga, Luhur, Duwur, Adoh,
Swarga, Tanpa, Tan, Swuh,
Suda, Windu. Lsp.
Pripun Caranipun Damel
Sengkalan ?

Sepisanan kedah madosi tembung langkung
rumiyin kangge guru dasanama tegesipun
tetembung ingkang darbe tegesipun sami
gadhah watak wilangan ingkang sami.
tuladhanipun : gunung, prawata, arga, giri,
haldaka, lan redi.

Kaping kalih, guru sastra tetembungan
ingkang gadhah wujud tukisan ingkang
sami, dipunanggep gadhah wilangan
ingkang sami. Thuladhanipun : esthi ingkang
tegesipun gajah. kaliyan tembung esthi
menika, ugi mengku teges kekareban
ingkang gadhah watak wolu (8).

Kaping tiga, madosi guru warga
(persamaan golongan). Tetembungan
ingkang gadhah golongan sami
dipunanggep darbe watak wilangan
ingkang sami, tuladhanipun : rembulan,
srengenge, bumi, menka gadha watak
wilangan setunggal (1).

Ing kaping sekawan, guru wanda
(persamaan suku kata), inggih menika
tetembungan ingkang gadhah guru lagu
utawi mungalipun sami dipunanggep
gadhah watak wilangan ingkang sami
yaiku sekewan (4)

Kaping gangsal, inggih menika migatekake
wontenipun guru sarana (persamaan
fungsi), inggih menika sarana utawi
alat.Watak wilangan dipun anggep sami
kaliyan pigunanipun. Tuladha : ilat. Ingkang
migunakaken rasa dianggep gadhah
watak wilangan sami inggih menika enem.

Kaping enem, madosi guru karya
(persamaan sifat kerja) inggih menika
barang kaliyan kerjanipun, watak
wilanganipun dipunanggep sami,
tuladhanipun mata kaliyan madeng,
dipunanggep darbe watak wilangan sami
inggih menika kalih (2)

Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat),
inggih menika sipat salah wetunggalipun
barang dipunanggep darbe watak kaliyan
wilangan ingkang sami kaliyan panas,
dipunanggep gadhah watak wilangan
ingkang sami inggih menika tiga (3)

Kaping wolu, inggih menika madosi guru
jarwa utawi sinonim. Tetembungan ingkang
gadhah teges makna ingkang sami.
tuladhanipun, retu,obah kaliyan horeg,
dipunanggep gadhah watak wilangan
ingkang sami yaiku enem (6)
Tetembungan ingkang rinakit salebeting
ukara, lan nggadahi teges angkaning
warsa dipunwastani ?
a. Candrasengkala
b. Memet
c. Lamba
d. Suryasengkala
e. Sengkalan
Sengkalan manut wujudipun
wonten pinten ?
a. Tiga
b. Kalih
c. Sekawan
d. Gangsal
e. Setunggal
Sinten ingkang mangertos
sengkalanipun SMA N 1
Yogyakarta?
Jumangkah Manjing Gapura
Manunggal
Sumbering Ilmu

http://edmodo.com

www.setyawara.webnode.com

http://wanodyatamisekaruny.blogspot.com/