Paribasan, Bebasan lan Saloka

Download Report

Transcript Paribasan, Bebasan lan Saloka

Yaiku Unen unen kang ajeg
panganggone, duwe teges wantah (lumrah),
ora nganggo gegambaran (kiasan).
Titikan (ciri) PARIBASAN
1. Ajeg panganggone
2. Tegese wantah ( lumrah )
3. Ora nganggo gegambaran ( kiasan)
4. Tanpa jejer ( subyek )
TULADHA PARIBASAN
1. Adigang adigung adiguna
2. Yitna yuwana lena kena
3. Durung pecus kaselak besus
4. Becik ketitik ala ketara
Unen unen kang ajeg penganggone,
duwe teges entar, mawa gegambaran
,kang digambarake kahanan
Titikan ( ciri ciri ) Bebasan
1. Ajeg panganggone
2. Tegese entar ( kias )
3. Nganggo gegambaran
4. Tanpa jejer ( subyek )
1. Esuk dhele sore tempe
2. Nguthik uthik macan dhedhe
3. Kegedhen empyak kurang cagak
4 Nabok nyilih tangan
Unen unen kang ajeg penganggone,
duwe teges entar, mawa gegambaran,
barang utawa kewan, kang nggambarake
lumrahe dadi jejer (subyek).
Titikan ( ciri ciri ) SALOKA
1. Ajeg penganggone
2. Tegese entar
3. Mawa gegambaran barang utawa kewan
4. Lumrahe ana jejere
TULADHA SALOKA
1. Bathok bolu isi madu
2. Asu gedhe menang kerahe
3. Tekek mati ulone
4. Kebo nusu gudel