Transcript WangsALAN
Monggo kita Sareng-sareng sinau basa jawa Bab “wangsalan” Sinten engkang ngertos “wangsalan” menika menopo Wangsalan inggih menika tetembungan engkang ngemu teges badhean, kados dene cangkriman utawi tebakan. Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges kalian ‘wangsulan’. Ing salibeting wangsalan ngemu tetembungan, ugi tetembungan menikam butuhaken wangsulan minangka batangane. Kepripun rencangrencang enten pitakon??? Wangsalan menika enten sekawan jenise: 1.)Wangsalan padinan. 2.)Wangsalan kang rinacik ukara. 3.)Wangsalan kang dumadi seko rong gatra. 4.)wangsalan sinawung ing tembang 1.)Wangsalan padinan Tuladha: A)Wah, sajake lagi nglapa mudha. (klapa mudha = degan) B)Kowe iku, kok mung mutra bebek. (putra bebek = meri) C)Jenang gula, Mas, welingku wingi! (jenang gula = glali) D)Lha rak mbalung ula, apa-apa dipangan! (balung ula = gragasan) E)Wah, nyega mambu. Aja ngono, Yu! (sega mambu = amer) Ayo sinten engkang gadah tuladha wangsalan padinan malih?????? 2.)Wangsalan kang rinacik ukara Tuladha: a.)Gelang sweda, yen lali nuli elingna. (ali-ali) b.)Gayung sumur, amba sadermi umatur. (timba) c.)Sarung jagung, abot entheng wani tanggung. (klobot) d.)Cecak toya, aja mingkar ing ubaya. (baya) Sinten engkang saget maringi tuladha malih?? 3.) Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane. Tuladha: 1.)Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma) Sawangane, narima asrah ing jiwa. 2.)Welut wana, walang wilis sabeng arga. (ula; gambuh) Atur kula, anggambuh mring Hyang Wisesa. 3.)Uler toya, toya mijil saking neta. (lintah; eluh) Satitahe, uger nora ngluh ing driya. 4.)Wangsalan sinawung ing tembang Sinom Tuladha: a.)Kinanthi Sastra pangandheging kidung, sudarma Basudewaji, ngestu pada mring kusuma, manjanma ping sakethi, pusara pangiket gangsa, tumutur tan sedya kari. Cekap saking kulo enten kekirangannipun kulo nyuwun ngapunten “assalamuallaikum wr.wb