Transcript layang
LAYANG PRIBADI LAYANG Layang yaiku Salah sawijine sarana kanggo komunikasi/ sambung gunem karo wong liya kang awujud tulisan. Keunggulane Layang: • Gampang • Murah • Kejamin rahasiane WUJUD LAYANG Wujud layang ana 6, yaiku: Layang Ulem (Undangan) Layang Kitir (Telegram) Layang Lelayu (Kematian) Layang Iber-Iber (Surat Pribadi) Layang Dhawuh (Surat Perintah) Layang Prajanjen (Surat Perjanjian) LAYANG PRIBADI Layang Pribadi, yaiku: Layang jawa sing urutane genep lan kang isine bisa awujud kabar pribadi. Perangane/Urutane Layang Pribadi 1. Adingiyah (Unggah-ungguh) 2. Pembuka 3. Isi 4. Penutup 5. Titimongsa 6. Peprenahan 7. Tapak Asma 8. Asma Adingiyah Adingiyah yaiku ungah-ungguhing layang. Tuladhane: Salam Taklim kanggo sapada Sembah sungkem marang wong luwih tuwa. Sembah Sungkem Pangabekti kanggo wong tuwa, sesepuh sing kudu diajeni, wong sing drajad lan pangkate luwih dhuwur tinimbang wong sing sgawe layang. Pambuka Pambuka yaiku Isine kabar saka sing kirim layang lan pandonga marang sing dikirimi layang. Isi Isi yaiku Tujuan layang mau dikirim. Panutup Panutup yaiku Isine sing kirim layang ngarep-arep wangsulane, pandongane, lan nyuwun pangapura yen ana kaluputan utawa kekurangan atur sing kurang prayoga marang sing dikirimi layamg. Titimangsa/tanggal Titimangsa yaiku Panggone bisa mapan ing dhuwur utawa sak dhuwure peprenahan. Peprenahan Peprenahan yaiku Tesese sing kirim layang iku keprenah apa karo sing dikirimi layang. Umpamane: ingkang putra, mitra panjenengan, Ingkang wayah, simbah, ibu, bapak, lsp. Tapak Asma Tapak Asma yaiku tanda tangan. Asma yaiku Jeneng pengirim. Tuladha Layang Pribadi Yogyakarta, 2 April 2006 Sungkem pangabekti kula katur Bapak-Ibu Suhardi Ing Surabaya Nuwun, kanthi serat ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, panaringan bagas kawarasan, pikantuk berkah saking Gusti lan pangestu panjenengan. Mugi-mugi bapak ibu sekalian sarta mas lan sddhik ing mriki inggihmekaten kawontenanipun. Kejawi menika keparnga kula matur, sarehing benjang wulan ngajeng manika sampun libur, kamangka sekolah badhe ngawontenaken studi wisata ing Bandung tanggal 23-25 Juli 2006, pramila kula mboten saged wangsul dhateng Surabaya. Malah menawi wonten dhanganipun penggalih kula nyuwun tambah kintunan sangu, dene beya kangge studi wisata sampunh kula pendhetaken saking tabanas. Wasana namung menika ingkang dados atur kula, menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih lan sedaya kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap kintunanipun sangu, sarto nyuwun tambahing pengestu Matur nuwun Ingkang Putra