SAMUKAWIS BABAGAN PRANATACARA LAN SESORAH

Download Report

Transcript SAMUKAWIS BABAGAN PRANATACARA LAN SESORAH

SAMUKAWIS BABAGAN
PRANATACARA LAN SESORAH
Dening:
Akhir Lusono, S.Sn
Sugeng rawuh
Ing adicara gladen Sesorah lan Pranatacara
 Pranatacara : Asring dipun sebat Master Of
Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara,
Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning
Adicara: Paraga ingkeng tinanggenah nata
cara utawi acara, bakuning ayahan
nglantaraken cakcakaning acara utawi
adicara wonten ing pepanggihan,
pasamuwan ingkang sampun rinantam.
 Pranatacara nyepeng ayahan ingkeng ageng,
dados punjering kawigatosan, amargi regeng,
rancag, nges lan mbotenipun satunggaling
adicara saperengan ageng dados tanggel
jawabipun pranatacara.
 Soksintena kemawon para paraga ingkeng
magepokan kaliyan lampahing adicara utawi
pawiwahan boten saged tumindak piyambakpiyambak menawi dereng wonten atur saking
pranatacara.
 Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes
setunggiling pakaryan ingkeng awrat, awit saksintena
kemawon priyantun ingkang mboten nandang tuna
wicara utawi ingkeng kedaling lesan mboten cetha,
tamtu saget nindakaken pakaryan pranatacara kasebut.
Ananging ingkeng kathan sami ajrih dhumateng tuna
dungkaping basa. Ananging babagan menika mboten
ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah
sanget pocapanipun, pramila setunggal lan sanesipun
priyantun saged ngginakaken basa ingkeng pundi
kemawon, jer leres pikajenganipun cak cakanipun, saha
gampil kasuraos deneng saksintena ingkeng
midangetaken.
Ancasipun Sesorah Munapadene
Pranatacara
 Kangge nyaosi pengertosan dumateng
tiyang sanes
 Kangge nyaosi karemenan dhumateng
ingkeng kepareng midhangetaken
 Kangge paring pemanggih utawi pendirian
ingkeng mirengaken supados kersoa
tumindak ingkeng dipun suwun dening
pamedhar pangandikan
Amrih Dados Pranatacara Saged
Lumampah Sae




Swara
Busana (Ageman)
Subasita (Trapsila)
Basa lan Sastra
Swara





Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling
suwanten. Pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi
ngginakaken swanten ingkeng awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan
swasana.
Pangolahing suwanten, kedah wajar, cetha, teges boten ketawis sanget
menawi dipun olah kanthi (hiperbola)
Inggih babagan swanten menika, pranatacara saha pamedhar sabda kedah
wigatos dhateng swaraning aksara swara (ucapan), langkung-langkung bedabeda mingsad-mingsedipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.
Wirama (lagu) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca dipun
mirengaken. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun
ngantos kesesa, ananing ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
Galadhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkeng mirunggan,
amargi punika dados satunggiling sarat baku kagem pranatacara saha
pamedhar sabda.
Busana (Ageman)
 Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi
kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar
sabda saged kalaksanakaken kanthi sae
 Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan keperluanipun
wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi.
 Jejering pranatacara saha pamedhar sabda saged katingal
ngrengreng menawi rinengga ing swanten, raga lan busana ingkeng
pantes.
 Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining
busana kaliyan kulit, ugi make up, saengga katingal pantes kaliyan
papan panggenan , boten nyolok tuwin samadya kemawon
Subasita (trapsila)
 Trapsila (tata krami) kedah pun gladi ingkeng sae, amargi trapsila
ingkeng kirang, saged ngirangi kawibawanipun pranatacara saha
pamedhar sabda
 Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel . Langkung sae bilih
solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging boten
kaken (Kaku)
 Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkeng sedaya wau
sageda nggambaraken isining penggalih, ingkeng lajeng jumbuh
kaliyan swasana. Kadosta, bilih wonten ing pawiwahan saha
pahargyan pasuryan bingar, sumringah lan ramah awit prastawa
menika wau ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.
 Wondene menawi wonten ing sripah, pasuryan kedah boten ketingal
bingar, utawi sumringah, amargi punika tamtu boten jumbuh kaliyan
swasana saha raos manah kulawarga ingkeng nembe nandhang
duhkita utawi duka sungkawa.
Basa Lan Sastra
 Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku
tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas utawi
jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda
 Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning
sastra ingkeng leres. Pamilihing tembung, ingkeng lajeng
dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana
sekeca kamirengaken ing asanes.
 Kanthi pangertosan pranatacara saha pamedhar sabda
saged ndapuk mocap, tembung, ukara saha wacana kanthi
leres tuwun laras.
Kalajengan Kaca Saderengipun
 Laras tegesipun pranatacara sahapamedhar
sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana
trep kaliyan kawontenan saha swasana
 Leres tegeipun pranatacara saha pamedhar sabda
saged ngginakaken basa ingkeng trep kaliyan
paramasastranipun.
 Ingkeng menika pranatacara saha pamedhar
sabda saget lumebet ing pawiyatan utawi saged
maos piyambak buku-buku ingkang ngemot
kawruh paramasastra kasebat.
Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkeng sae,kedah
kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan
pranatacara saha pamedhar sabda punika







Ing abagan basa, mugi kaginakaken basa ingkeng trapsila, wijang prasaja
ananging gampil katampi dening para tamu (ingkeng midangetaken) sarta
sakeca kapiarsa
Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng
Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi
permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan
Mangertos asma-asma para paraga ing salebeting pawiwahan kanthi
jangkep sak imbuhanipun
Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata swara, supados
nyamektakaken gendhing ingkang jumbuh kalihan lampahing acara
Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua panitia)
supados enggal mengertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara
Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan boten ketinggal
kisruh
Sikap sarira ingkeng kirang
mranani










Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal
Jumeneng kanthi suku sakelengkung rapet
Jumeneng kanthu suku sakelangkung mekar
Jumeneng kanthi loyo/ boten wonten semangat
Jumeneng kirang imbang
Jumeneng kanthi lelendhetan papan wicara
Ngewah-ewah sarira
Jumeneng boten jenjem
Jumeneng kaku
Jumeneng mboten nggatosaken papan panggenan
Ewah-ewahan pasuryan ingkeng
boten mranani





Gumujeng ingkang dipun damel-damel
Asring mesem
Mbesengut
Tumungkul
gugup
Ewah-ewahan sarira ingkang
boten mranani
 Asring ngebahaken satunggaling perangan sarira
 Ngebahaken perangan sarira kanthi tidha-tidha
 Ngebahaken perangan sarira kanthi boten trep
kaliyan ingkang dipun ngendikakaken
 Asring ngukur talingan
 Nglebetaken asta wonten ing sak clana
 Asring mirsani cathetan
 Asring ningali nginggil
 Boten nggatosaken ingkeng midhangetaken
Sesorah lan pranatacara ugi kedah
migatosaken babagan
 Sora lan botenipun suwanten
 Iramaning swanten
 Swasananing suwanten ingkeng laras
kaliyan kawontenan
Tanggap wacana kedah kamot
perkawis ingkeng sampun urut






Salam pambuka
Purwaka
Isi
Wigati (kesimpulan)
Pangajeng-ajeng
Wusana/purna/Akhir/Entek-entekan
Katerangan Urutaning Tanggap
wacana
 Salam pambuka: inggih punika ngaturaken salam ingkeng sepisan,
kadosta, assalamualaikum…wr…wb…salam sejahtera untuk kita
semua
 Purwaka: inggih menika atur matur nuwun dhumateng para tamu
undangan saha atur syukur dhumateng Alla Swt, dlsb
 Isi: inggih menika sedaya perkawis ingkeng dipun wedharaken
 Wigati: inggih menika inti saking ingkang sampun dipun wedharaken
 Pangajeng-ajeng: inggih punika pitedah-pitedah saha pangejeng-ajeng
ingkang dipun wedharaken dhumateng para ingkang midhangetaken
 Wusana: inggih punika, atur panuwun saha nyuwun pangapunten bilih
wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun ngaturaken tanggap
wacana.