TEDHAK SITI - WordPress.com

Download Report

Transcript TEDHAK SITI - WordPress.com

TEDHAK SITI
KELOMPOK 5
Dimas Putra H.
Merry Gladia A.
Natanael
Rangga Rakaspati
Tirza Gracia S.
Yahaziella N. D.
/10
/23
/27
/29
/36
/39
TEDHAK SITEN

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa
kanggo bocah umur 7 wulan.
 Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné
sing diarani :upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning
suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
 Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn
(saka tembung siti) utawa lemah (bumi).
Ancas saka tedhakUpacara iki kanggo perlambang bocah sing
siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan
diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina
(7 x 35 = 245).
MAKNA TEDHAK SITEN
Makna tidhak siten yaiku duwe
manfaat kanggo bocah cilik ,
kanggo ngenalkake alam lan
sekitare lan isa pepalang urip
wonten donya

Urutan prosesi
-Tedhak sega pitung warna
-Mudhun tangga tebu
-Ceker-ceker
-Kurungan
-Sebar udik-udik
-Siraman
 Setunggal
: putra
dipuntuntun mlampah
majeng ngidak jenang
beras ketan 7 warni
(abang, putih, biru,
oranye, kuning, ijo,
ungu) menika
pralambang putra saget
nglampahi pepalang
urip wonten donya.
TATA UPACARA
 Kaping kalih
: putra
dituntun mlampahi andha
tebu arjuna. Tebu
nglambangaken anteb ing
kalbu. Arjuna
nglambangaken supados
putra kados satria Arjuna
ingkang watakipun becik.

Kaping tiga : lajeng putra
dipuntuntun mandhap
saking andha tebu pinuju
pasir lan ceker-ceker
pasiripun.
Nglambangaken menawi
sampun dewasa saget
padhos panguripan
piyambak (penghasilan)

Kaping papat : bocah
dipuntuntun rama ibunipun
mlebet wonten kurungan
ingkang wonten lebetipun
sampun dipunisi barang
ingkang macem2 jenisipun
kados buku, klambi, wajan,
perhiasan. Bocah dipun
kendelaken mawon, lajeng
milih salah sawijini barang,
umpami milih buku, benjang
mugi2 dados ilmuwan

Kaping gasal: rama
ibunipun nyebaraken
udhik-udhik (arta receh
ingkang dipuncampur
sekar), nglambangaken
bocah menika dados
piyantu ingkang loma
lan dipunlancaraken
rejekinipun.
 Kaping
enem: bocah
dipunsirami toya
sritaman, toya
ingkang
dipuncampur sekar
mawar, melati,
kenanga, kanthil.

Kaping pitu: wonten
akhiripun upacara,
bocah dipundandosi
ngangge klambi
ingkang enggal tur
sae. Nglambangaken
bocah saged
bahagiaken
keluarganipun.

Sampun rampung tata cara tedhak siten lajeng sedanten
keluarga nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang maha
kuwaos tansah pinaringan berkatipun.
DAFTAR PUSTAKA
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa
Sumber:gudeg.net
http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_sit%C3%A8n
Matur
Nuwun