Transcript Wangsalan
Wangsalan Pangerten Wangsalan Wangsalan inggih punika unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelakake batangane sarana sinandhi, inggih punika mboten diceplosake, nanging namung kapratelakake sawanda utawi kalih wanda, ingkang karumpaka sepindah wonten salebeting ukara. Tuladha Jenang gula lho dik, aja lali titipanku! Maknanipun : Jenang gula menika wangsalanipun. Karepe jenang ingkan kadamel saking gendis, inggih punika glali. Aja lali menika batanganipun. Tembung “glali” kapundhut wandanipun ingkang kaping kalih, inggih punika “li”, ingkang kepanggih wonten tembung “lali”. Jenisipun Wangsalan Wangsalan Lamba, inggih punika wangsalan ingkang namung isi batangan setunggal. Tuladha : Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. == Roning mlinjo menika so == Wangsalan Rangkep, inggih punika wangsalan ingkang isi batangan langkung saking setunggal kadadosan kalih ukara. Ukara sepindah minangka wangsalan, lan ukara kaping kalih minangka batangan. Tuladha : Sayuk karsa, wulung wido mangsa rowang, sayektine, mung saking bodho kawula. == saiyeg punika bodho == Wangsalan Padinan, inggih punika wangsalan ingkang lumrah kangge wonten pacelathon sadinten-dinten. Tuladha : = Ingkang mawa nyebataken batanganipun: Jarwa prapta, aja duka lho iki mung gegojegan. = Kang mboten nyebataken batanganipun: We lha njanur gunung, mas Irianto kersa nonton. Wangsalan Edi Peni, inggih punika wangsalan ingkang dirumpaka mawa basa kang endah. (lumrahipun basa kawi). Tuladha : = Carang wrekasa, wreksa kang rineka janma. = Nora gampang, golek kawruh mring kaonang. (pang=golek) Wangsalan tertamtu: mawi paugeran a. 4 wanda + 8 wanda - Gayung sumur, lamun kemba aja mundur. (gayung sumur = timba) b. 4 wanda + 8 wanda*2 - Sayuk karsa, wulung wido mangsa rowang. - Sayektine, mung saking bodho kawula. (saiyeg = bodho) Wangsalan ingkang sinawung wonten tembang inggih punika sawijining wangsalan ingkang karumpaka sarana ngangge tembang. Wangsalan wonten lelagon gendhing, inggih punika mujudake cakepan wonten umpak-umpaking gendhing, gerong kaliyan senggakan, ingkang digolongaken dening pesindhen, niyaga utawi bocah-bocah ingkang sami manembrana. Matur Nuwun