Transcript Kethoprak

NYEMAK KETHOPRAK
dening
Andhi Wisnu Wicaksono
Kethoprak
 Teater tradisional ingkang
ngrembaka ing
wewengkon Surakarta watawis taun 1922,
sumebar ing saindenging Jawa Tengah,
Ngayogyakarta lan Jawa Timur.
 Ancasipun kangge suka panglipur, panyaruwe
& sesuluh dhateng warga
 Kethoprak ngrembaka ing madyaning
masyarakat, satemah winastan kesenian
rakyat
Jinising Kethoprak:
 Kethoprak Lesung
 Kethoprak Tobong
 Kethoprak Pendhapan
Pangrembakaning tekhnologi ndayani:
 Rekaman audio kethoprak
 Rekaman audio visual kethoprak
 Live audio visual lumantar radio/televisi
Unggah-ungguh seni
kethoprak:
 Tata trapsila
 Patrap
 Basa
 Busana
Sumber Lakon
 Lelampahan padintenan
 Lelampahaning nagari/
pemerintahan
 Babad
 Crita Rakyat
 Lelampahan saking ngamanca
Lampahing cariyos
 Dipun kupiyakaken momot maneka bab
ingkang ngemu suwasana agung ,greget,
sereng, trenyuh, parisuka lsp
 Lampahing cariyos sampun ngantos
njuwarehi
 Gampil dipun tampi pikajenganing lampahan
 Wosing lampahan kedah cetha
Adegan Paseban
gandrungan
 Menggahing kathoprak klasik
mapan ing adegan antawising
putren & bambangan utawi
putren kaliyan grasak
 Menggahing kethoprak garapan
boten kedah wonten
Adegan Gandrung
Tatarakit Panggung
 Dipun larasaken kalian suwasana
adegan/ lampahan
 Panataning palenggahan kedah trep
 Manawi badhe ngangge level ugi kedah
dipun trapaken undha usukipun
 Langkung prayogi manawi dipun
biyantu kanthi tatacahaya ingkang trep
Kethoprak Garapan
Basa
 Dipun larasaken kalian dhapukan
 Kedah dipun pilah basa kangge sasamining
kawula, abdi kalian bandara,nata kalian
narapraja, grasak, gecul, lsp
 Basa ingkang dipun ginakaken prayoginipun
boten saru, lekoh (kajawi yen kangge
dagelan, ananging ugi kedah emut empan
papan) gampil katampi dening penonton
(komunikatif)
Busana
 Limrahipun busana kangge paraga kethoprak
ngangge sinjang, surjan, dhestar/iket, clana
panjen, epek timang, lonthong , selop lsp
minangka jejangkep ngadi busana jawi
 Dipun larasaken kalian lampahan, manawi
methik lampahanipun stambulan, panji,
lampahan jaman Hindu/ Kabudan busana
prayoginipun ugi dipun larasaken supados
resep lan trep kalian suwasana
Busana kangge Kawula
TATA ARTISTIK
 MAKE UP: dipun larasaken kalian dhapukan
 PANGGUNG: jejangkep artistik kadosta tonil,
, dhampar, lincak, patamanan prayogi dipun
larasaken kalian suwasana lampahan
 LAMPU:
limrahipun
general ananging
manawi ngginakaken lampu warna sampun
ngantos cengkah kalian suwasana.
 BLOCKING:
Dipun kupiyakaken boten
ngungkuraken penonton
DHAPUKAN PARAGA:
 Raja
 Narapraja/ sentana
 Bambangan
 Putren
 Dhagelan (batur &emban)
 Grasak
 Kawula
Dekorasi Minimalis
Patrap
 Paraga ingkang kadhapuk dening dhalang/
sutradara patrapipun kedah saged ngetrepi
dhapukanipun
 Patrap sampun ngantos cengkah kalian
dhapukan
 Sampurnaning patrap mimbuhi gesanging
lampahan
Beber cariyos
 Wos
:
anggenipun beber lampahan
boten kanthi naskah ananging kanthi dipun
andharaken werdining lampahan. Sesekaran
rembag dipun sumanggakaken dhateng
paraga.
 Naskah : lampahan dipun wujudaken
dhateng satunggaling naskah ingkang dipun
anggit dening penulis naskah.
PIRANTI TABUHAN kethoprak :





Lesung
Terbang
Kendhang
Gangsa jangkep
Keyboard
gendhing
 Ingkang dipun ginakaken salebeting
kethoprak padatan: lancaran, ladrang ,
ketawang utawi gendhing garapan laras
pelog utawi slendro
 Wahananing gendhing dipun ajab sageda
nggatra suwasana: agung , sereng, greget ,
gecul, sungkawa lsp miturut kabetahaning
lampahan
Pengrawit,sindhen,penyanyi
 Perangan wigati saking pagelaran
kethoprak ingkang nyengkuyung
gesang & gumyaking pagelaran
 Panataning gendhing, prigeling
pengrawit, sindhen lan suwasana
panggung kedah saged nyawiji
SANGGIT
 Supados narik gregetipun pamirsa, dhalang
utawi sutradara kethoprak kedah nggadhahi
sanggit utawi garapan mirunggan .
 Garap sanggit ingkang dipun
ginakaken
prayogi tansah nyemak dhateng kawontenan
ingkang nembe gayeng karembag ing
masyarakat
DHALANG/ SUTRADARA
 Pana dhateng lampahan, basa & gendhing
 Saged dunungaken paraga miturut
dhapukan
 Saged suka pitedah dhateng paraga ing
maneka bab ingkang gegayutan kaliyan
dhapukan
 Damel garap sanggit ingkang narik
kawigatosanipun pamirsa
 Tanggap dhateng kawontenan
Manuksma (Penjiwaan)
 Paraga ingkang kadhapuk kedah
saged manuksma kaliyan dhapukan
 Manuksmanipun paraga jalari
gesanging suwasana pagelaran
 Damel sengsem, sengit lan trenyuh
para pamirsa
Tanggapan penonton
 Dipun betahaken kangge nyaruwe
dhateng lampahing pagelaran
 Kangge nitik kasil lan botenipun
garap sanggit ingkang dipun cakaken
 Kangge panglimbang dhateng
rantaman pagelaran candhakipun
ISEN - ISEN
 Narik gregeting pamirsa tumuju dhateng
pagelaran umpaminipun beksan
 Kedah dipun jlimeti saestu sampun
ngantos malah damel
kembanipun
pagelaran
 Bintang tamu kangge nambah regeng
suwasana
 Sampun ngantos worsuh pangetrapipun
kaliyan bakuning pagelaran
PANGREMBAKANING
KETHOPRAK
 Klasik
 Garapan
 Kethoprak Humor