MACA CEPET - WordPress.com

Download Report

Transcript MACA CEPET - WordPress.com

Dening: Angger Prakuntama, S.Pd
Carané maca sing umum
katindakaké
 a. Maca Teknik/Maca Nyuwara Maca teknik sejatiné
maca nyuwara, yaiku nyuwarakaké simbul-simbul basa
kang awujud aksara, kang dironcé dadi tembung,
tembung dironcé dadi ukara.
 Sing kudu digatèkaké ing maca teknik yaiku: lafal
utawa pangucapaning tembung, intonasi utawa
munggah mudhuné irama, pamedhoting ukara,
kalebu frase (kumpulan tembung). Sakliyané iku,
kanggo ngertèni panguwasaning wacana utawa ngerti
isi lan surasané wacan.
 b. Maca Batin Maca batin, béda karo maca teknik. Cara
maca batin luwih nengenaké utawa ndhisikaké
pemahaman utawa pangertèn bab isiné wacan.
 Tujuwané maca batin kanggo ngertèni isiné wacan.
 Teknik maca batin digunakaké kanggo nglatih daya
pengéling-éling lan daya panangkepé pikiran kanggo
pemahaman informasi sing diwaca.
 Ana ing teknik maca batin, lambé lan suwara ora makarya,
mung ngandelaké mripat lan pikiran. Dadi lambé ora oléh
umik-umik lan nyuwara, tangan utawa driji ora éntuk
nudhingi. Semono uga sirah ora éntuk obah mèlu arahé
wacan.
 c. Maca Endah/Estestis Maca éndah yaiku maca kanthi
ngatonaké kaéndahan lan estetika.
 Thuladane, maca geguritan lan nembang. Maca éndah
sejatiné padha karo maca nyuwara utawa maca teknik,
bédané maca éndah kudu bisa ngatonaké rasa
kaéndahan sing ana ing sajroning wacan sing diwaca,
utawa penghayatan.
 d. Maca Cepet Maca cepet sejatiné uga maca batin,
nanging tempo (wektuné) baé sing béda.
 Ana ing maca batin anggoné maca biasa-biasa baé
amarga ora ana watesané wektu
 maca cepet, anggoné maca diwatesi wektu.
 Ancas (tujuan) baku teknik maca cepet yaiku narik
utawa nggolèk lan ngumpulaké intisariné informasi
utawa pangertèn kanthi cepet.
 Cekaké, intiné maca cepet yaiku ngerti isiné wacan
kanthi cepet. Ora ana gunané maca cepet yèn ora
ngerti apa sing diwaca.
Rumus ngetung cepete maca
 KM =
J….
WM
 Katerangan
KM : Cepeté maca
J
: Tembung sing diwaca
WM : Wektu sing dibutuhaké maca
cara-cara kanggo maca cepet
 1. Anggoné maca ora saben tembung,
nanging saklompok tembung.
 2. Aja mbolan-balèni tembung sing wis
diwaca.
 3. Aja kesuwèn mandheg sangarepé ukara.
 4. Ora digagas tembung-tembung kayata:
ing, saka, marang, saking, lsp.
 5. Tanpa ngetokaké suara saka cangkem.
(lambéné uga ora obah-obah)
 6.
Ora gèdhèk-gèdhèk sirahé ngetutaké
dawané ukara.
 7. Pandelengané mripat ndhisiki tinimbang
kedaling lambé utawa cangkem.
 8. Tembung sing angèl/manca ditinggal
dhisik.
 9. Golèkana kunciné tembung ing
sakjeroning ukara.