MIRENGAKE PAWARTA

Download Report

Transcript MIRENGAKE PAWARTA

PAWARTA
Dening:
Angger Prakuntama, S.Pd
MIRENGAKE PAWARTA
Pawarta yaiku katrangan kang bisa
menehi pangerten ngenani sawijining
kahanan.
Wujud pawarta : lesan lan serat
-Lesan :bisa digiyarake lumantar
radio, TV, utawa diwaca lugas.
-Serat : lumrahe kapacak ana ing
ariwarti, kalawarti, lsp.
Pokok-pokoking pawarta:
5W+1H.
 What (punapa) > Wonten kadadeyan punapa? Punapa
sebabipun?
 Where (wonten pundi) > Kadaosan prastawa punika wonten
pundi?
 When (kapan) > Kapan prastawa punika kadadeyan?
 Who (sinten) > sinten ingkang ngalami prastawa punika?
 Why (kenging punapa) > Kenging punapa saged dumados?
 How (kados pundi) > Kados pundi kadadosanipun?
Sajroning proses penulisan berita, kaidah
lan sifat tulisan kudu dadi pedhoman ing
antarane :
1.
2.
3.
4.
5.
6.
Berita (tulisan) kudu tepat (accurate)
Berita kudu imbang (balanced)
Berita kudu objektif (objektive)
Berita kudu padhet lan jelas (concise and clear)
Berita kudu aktual (recent)
Berita kudu komunikatif
1.Berita (tulisan) kudu tepat
(accurate)
• Sawijining berita kang becik lan bener
kudu ditulis kanthi pas, lire sawijining
pawongan kang kajibah minangka
reporter kudu kerja keras nyusun
laporanipun kanthi persis ngenani
prastawa. Kudu nyebut jam, dina,
panggonana, jeneng lan jabatane
pawongan. Ora mung bener jroning
rincian bageyan kadadeyan nanging
dituntutr katepatan jroning penyajian
keseluruhan kalebu bagean ngendi kang
ditonjolake.
2. Berita kudu imbang
(balanced)
 Tulisan kudu nggambaraken kadadeyan
sawetune, lire panyerat dituntut nyuguhake
kronologis seimbang saengga para maos
bisa oleh katrangan kanthi jelas lan
gamblang.
3. Berita kudu objektif (objektive)
• Tulisan kudu apa anane, minangka sipat kang kudu
diduweni ing saben tulisan. Iki kabeh dudu barang
gampang lan entheng.
4. Berita kudu padhet lan jelas (concise
and clear)
• Berita kang becik kudu gampang ditangkep para
pamaos kanthi jelas, amarga iku kabeh mujudake satu
kesatuan,kang diduweni, kekancingan logis, ditulis
kanthi padhet. Bagiyan kang dianggep penting kudu
oleh panggonan jembar.
5. Berita kudu aktual (recent)
• Ora ketinggalan lan ora kasep, lan iseh anyar. Wektu
mujudake unsur kang paling penting, jroneng
panyeratan becik, amarga paristiwa kang lumaku
kanthi cepet, mula panyeratan kedadean kudu
dibarengi. Kapan berita mau ditulis.
6. Berita kudu komunikatif
• Basa kang dienggo nyugatake seratan, kudu gampang
dipahami para pamaos. Semono uga jenis lan traptrapan, prasaja. Nanging ora ngurangi bab basane.
Tuladha :
Bathik Tamansari
Kerajinan bathik ing Tamansari sebenere
wis suwe. Sadurunge para pengkrajin
mung nyetori bathik ana ing toko-toko
bathik lan pedagang kaki lima ing
wewengkon malioboro, ananging manawa
mung nyetori wae asale ora ajeg.
(candhake kaca 22)
Matur Nuwun