Jinising Wacana

Download Report

Transcript Jinising Wacana

Dening :
Angger Prakuntama
1.
Naratif (Nyritakke)
Wacana naratif yaiku wacana kang mbudidaya
nyritakake prastawa utawa kedadeyan kayakaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa
ngalami dhewe prastawa mau.
utawa wacana kang nyritakake kanthi cetha
rerangkening tumindak ing sajroning
prastawa, kang winates ing sajroning wektu.
Wacana narasi ana werna loro :
a.
Narasi ekspositoris = wacana kang mung
menehi katrangan lugu / apa anane.
upamane : Siswa nyritakake kedadeyan ing
njero
kelas nalika piwulang
Basa Jawa.
utawa
: Jeksa nyritakake kedadeyan
rajapati
ing pengadilan.
Tuladha :
Jam 06.00 Darmi mangkat menyang pasar arep
kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat
Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok,
Darmo bingung terus njupuk watu
dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger,
dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen
Darmi mati, Darmo mlayu nginggati.
b. Narasi sugestif = wacana kang ngracik
kanthi runtut nganti bisa nggugah
pangangen-angene wong kang maca.
Tuladha :
Dongeng (Abu Nawas),
Roman, Novel, Cerkak, lsp.

NARASI EKSPOSITORIS
1. Njembarke wawasan
/ pangerten
2. Mbeberke katrangan
bab prastawa
3. Adhedhasar nalar
supaya padha
sarujuk
4. Basa informatif,
tembunge denotatif

NARASI SUGESTIF
1. Mbeberke makna
kang sinandi
2. Nguripke
pangangen-angen
(imajinasi)
3. Nalar mung kanggo
nggayuh surasa
(makna), yen perlu
nalar dilirwakke.
4. Basa figuratif,
tembunge konotatif
Yaiku wacana kang nggambarke kanthi cetha
salah sawijining kahanan (obyek), obyek mau
kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana
pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora
bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak-rakane
ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat
nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang
arep disimpen ana kono.
Sajroning wacana eksposisi dibeberake
anane analisa proses nganggo cara narasi.
Narasi kang mangkono mau diarani narasi
ekspositoris / narasi teknis, awit ancas kang
tinuju titise katrangan ngenani sawijining
prastawa kang dibeberke. Dadi ancase
padha karo eksposisi yaiku njembarake
pangertene uwong.
Tuladha :
Carane gawe sabuk kulit, Tas kulit, lsp.
Yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi
penemune wong liya, supaya percaya lan wusanane
tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis / kang
ngomong.
Tuladha :
ALKOHOL BISA GAWE CILAKA
Ngombe alkohol sajroning wektu kang suwe bisa
ndadekke tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing
Amerika Serikat saben tahun 25.000 jiwa mati amarga
kacilakan lalu lintas awit nyopir nanging lagi mendem.
Meh 15.000 jiwa tumindak kasar utawa nglalu, amarga
mendem. Ana 40 juta anak lan bojone padha sangsara
nandhang tekanan mental, awit salah ssiji keluargane
ketaman nyandu alkohol.
Penulis ngerti dhewe kira-kira 10 wong
kang nyandu
Senajan wis suwe ora ngombe alkohol, ana
tengara rada cethek nalare, gampang nesu,
gampang mutung, gampang nglokro,
pamikire mulek ana panemune dhewe.


Persuasi karo argumentasi meh padha, awit
padha-padha mbudidaya supaya percaya
antarane siji lan sijine kang lagi rembugan.
Nanging satemene ana bedane yaiku :

1.
2.
3.
Argumentasi
Mbudidaya mbeberke
buktiyen panemune
kang nulis / celathu
iku bener.
Proses tumuju
kesimpulan.
Kahanan rangu-rangu
/ dredah bab kang
dianggep bener.

1.
2.
3.
Persuasi
Mbudidaya supaya
pada sarujuk
Proses supaya wong
percaya lan bisa
nampa apa kang
dikarepaake kang
nulis / celathu.
Tansah ngendhani
dredah.