Sinau Basa Jawa

Download Report

Transcript Sinau Basa Jawa

http://contoh.in

 Ukara Baku yaiku ukara kang dadi dasare paragraf utawa kang pokok.

 Ukara Panerang yaiku ukara kang isine njlentrehake ukara baku supaya maksude bisa dimangerteni dening kang maca.

 Paragraf dheduktif yaiku paragraf kang ukara bakune ana ing wiwitane paragraf.

 Paragraf induktif yaiku paragraf kang ukara bakune ana ing pungkasane paragraf.

http://contoh.in

 Geguritan iku lagune ora ajeg.

tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wulangan, lan guru  Babagan kang awrat saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca.

 Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dasare geguritan iku.

 Diksi iku dudu mung pamilihane tembung tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga prekara frasaologi lan gaya bahasa.

 Frasaologi nyakup prekara tembung-tembung ana ing tatanane  Gaya bahasa iku prekara kepriye nulis lan nggunakake tembung-tembung kanthi endah lan mrekarakake cocog orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kahanan tartemtu

 Sarana Retorika yaiku alat kanggo ngungkapke apa kang arep diandharake ana ing geguritan iku.

 Geguritan iku ngemu nilai-nilai utawa amanat kang bisa dipethik lan kanggo pangajaran tumrap wong kang maca. Kanggo mangeteni amanat utawa nilai-nilai kang diandhut geguritan iku, bisa kanthi parafrasekake geguritan iku.

 Parafrase yaiku ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaya bisa mangerteni maknane.

http://contoh.in

 Babagan kang perlu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku: 1.

Nemtokake topik wawancarane 2.

Nemtokake tujuane (informasi apa kang dipingini) 3.

Nyiapake pitakon-pitakon 4.

Nemtokake sapa narasumbere 5.

Gawe janji kapan lan ning papan endi anggone wawancara

 Nalika wawancara kudu gatekake babagan kaya ing ngisor iki.

1.

Miwiti wawancara kanthi salam 2.

Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah ungguhing basa 3.

Pandelengane tumuju marang narasumber 4.

Aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya” utawa “ora” 5.

Pungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun

NGRUNGOKAKE LAN MICARA SAMBUTAN

http://contoh.in

 Pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Uga bisa kasebut pidhatoiku wacan kang disiapake kanggo diucapake marang wong akeh.

 Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna-werna, ana kang tujuane kanggo menehi hiburan, menehi informasi, utawa ajak-ajak marang kang rungokake supaya pemicara.

nindaki apa kang dikarepake

 Jinising pidhato ana 4: 1.

Metodhe Apalan Pidhato modhel iki sadurunge wis gawe tulisan kang lengkap, banjur diapalake tembung nganti ukarane.

2.

Metodhe Naskah utawa Teks Bisa nggawa naskah utawa teks banjur diwaca saanane, ora diapalake

3.

4.

Metodhe Ekstemporan Gawa cathetan cilik minangka pangeling eling urutaning kang arep kawedharake utawa diomongake Metodhe Dadakan utawa

Impromptu

Pidhato kang ora kanyana-nyana sadurunge. Pamicara kudu duwe sangu arupa pengalaman lan kawruh, uga kudu duwe katrampilan micara ing ngarepe wong akeh.

 Cengkorongan pidhato: 1. Salam Pambuka 2. Purwaka Basa (Pambuka) 3. Surasa Basa (Isi) 4. Pangarep-arep 5. Wasana Basa (Penutup) 6. Salam Panutup