SENGKALAN - WordPress.com

Download Report

Transcript SENGKALAN - WordPress.com

SUGENG ENJANG
KELOMPOK 5 :
1.Kusnul Fatimah
2.Maria Ayu R. W. S
3.Nadya Aprinda P.
4.BlueLfy
5.Novita Indriani
(19)
(20)
(21)
(22)
(23)
Napa
Sengkala
n
menika??
??
Sengkalan
Tembung “sengkalan” asalipun saking
tembung “saka” lan “kala”
Saka utawi caka menika naminipun
bangsa indhu, kala utawi kala tegesipun
wekdal
Sakakala inggih menika kalanipun wonten
ratu golongan caka ingkang jumeneng
wonten ing tanah indhu sisih kidul.
Werna-werna Sengkalan

Miturut wujude
Sengkalan menika wonten kalih werna,
inggih menika:
a) Suryasengkala: sengkalan
ingkang adhedhasr taun srengenge.
b) Candrasengkala:petungan
sasinipun miturut lakuning rembulan .
Wujudipun sengkalan miturut
jinise wonten telu :


Sengkalan Lamba
inggih menika sengkalan inkang awujud
kumpulanipun tembung utawi wujud ukara .
Sengkalan Memet
Inggih menika sengkalan inkang awujud
gegambaran utawi pepethan.

Sengkalan miring
Inggih menika sengkalan ingkang migunaaken
tembung-tembung miring saking watek sengkalan
lamba.
Caranipun
maos sengkalan
Caranipun nyurasa utawi maos sengkalan
kawiwitan saking ekane, lajeng dasan, yen wonten
atusan lan ewonan.
Tuladha :
Rupa sirna retuning bumi
Rupa = 1 (ekan)
Sirna = 0 (dasan)
Retu = 6 (atusan)
Bumi = 1 (ewon)
Dados taun : 1601
Wataking Tembung ing Sengkalan





Watak siji: barang kang cacahe siji, wangun bunder.
Kayata : srengenge, ati, nabi, Gusti, wong,
sadasanamane.
Watak loro: barang kang cacahe loro. Kayata :
mripat, tangan, swiwi, sejodho, kembar, sepasang,
sadasanamane
Watak telu: barang kang mowo geni, sorot, utawa
sunar. Kayata : geni, kobong, panas, cahya,
sadasanamane.
Watak papat: barang duwe teges banyu utawa
nyambut gawe kayata samodra, segara, karya,
gawe, sadasnamane.
Watak lima: buta, angin, panah, pandhawa, denawa,
samirana, panca, sadasanamane.





Watak enem: rasa, kayu, obah, aliyan, sadasanamane.
Watak pitu: pandhita, swara, jaran, gunung,
sadasanamane.
Watak wolu: kewan sikil papat (reptil), kayata : gajah,
slamet, rahayu, wardani, sadasanamane.
Watak songo: dewa, gapura, leng, papan sing kena kanggo
mlebu, bolong, manjing, ambu, sadasanamane.
Watak nul: ateges ora ana utawa dhuwur, kayata: nir,
suwung, lebur, sirna, ilang, oncat, sadasanamane.