Ing desa Berahan, kecamatan Wedung

Download Report

Transcript Ing desa Berahan, kecamatan Wedung

Crita rakyat adalah sawijining prosa lawas seng urip
ing panguripane masyarakat seng asale saka
sawijining daerah
Unsur crita rakyat :
Crita
Masyarakat
Warisan turun –
temurun
Dadi tatanan / aturan
Titikane crita rakyat :
Jaman biyen
Ora dingerteni sapa
pangriptane
Mistik
Anti logis
Tradisional
Humoris / lucu
Diwarisake kanthi lisan
Nduweni nilai edukatif
Wujude crita rakyat
Legenda : Crita kang nggambarake kisah dumadine papan /barang.
Tuladha ; a. Dumadine kota rawapening
b. Dumadine kota Surabaya
Sage : Crita rekan(rekayasa) kang iseh ana sesambunge karo tokoh –
tokoh sejarah kang biasane nggambarake kasekten lan kapinterane
mergo nduweni pusaka kanthi kekuatan gaib.
Tuladha ; a. Pinak jinggo
b. Ande – ande lumut
Mite : Crita kang ana hubungane karo barang gaib/ mistik.
Tuladha ; a. Jaka tarub
b. Nyi roro kidul
Fabel : Crita kang paragane kewan kang diumpamakake kaya
manungsa.
Tuladha ; a. Kancil karo Baya
b. Kancil nyolong timun
Epos : Crita kang isine kepahlawanan.
Tuladha ; a. Mahabarata
b. Ramayana
TULADHA CRITA
RAKYAT
DESA BERAHAN
WEDUNG - DEMAK
TELAGA SENTANU
Ing desa Berahan, kecamatan Wedung, kabupaten Demak ana
sawijining kuburan kangtengahe ana kolame, nanging wis garing.
Sanajan ora ana kang ngopeni, nangingkolam kuwi tetep resik, ora
dithukuli sesuketan, saengga wujude kolam kiwi mau isih katon cetha.
Miturut crita kolam iku mau awujud telaga kang diwenehi jeneng
“TELAGA SENTANU”. Telaga kasebut nduweni kaelokan – kaelokan.
Mitirut crita, ana sawijining pamongan kang aran R. Burham
keturunan R. Benawa putra Sultan Pajang. Sasugenge R. Burham
pidalem ing desa Poncowati, kecamatan Bonang, kang saiki dadi
desa Poncoharjo. Nalika kuwi desa Poncowti durung rame kaya saiki,
isih mujudake papan kang sepi, adohsaka karamean. R. Burham
sengaja pidalem ana papan kang sepi. Panjenengane madegdadi
wiku. Saben dina wektune mung kanggo semedi. R. Burham
kepengin entuk dalan kang bisa gawe pepadhanging urip.
Kaya adat sabene, nalika R. Burham ing jero sanggar semedi kanthi khusuk
nyenyuwun supaya enggal – enggal diparingi dalan kang padhang, dumadakan
keprungu swara kanthi cetha “Hai, Burham, ngadega enggal tumujua mangulon, ing
kana mengko kowe bakal nemoni kabagyan lan bakal entuk pepadhanging urip kaya
kang kok angen – angen sasuwene iki”. Banjur swara kuwi ilang. R. Burham nduweni
keyakinan menawa swara kang keprungi mau minangka pituduh kang sasuwene iki
kang kaangen – angen. Amarga senenge nganti netesake luh. R. Burham ngadeg lan
tumuju menyang desa Poncowati. Nalika kuwi isih akeh alas, R. Burham lakune mlebu
metu alas nganti tumuju ing desa Beraham. R. Burham banjur pidalem ing kono.
Sawetara kuwi ana sawijining kenya kang seneng lelana yaiku Dewi Omba
Reka. Miturut wangsit kang ditampa, Dewi Omba Reka kudu tumuju ing desa Beraham
maguru marang sawijining wiku lan lelarane bakal bisa waluya. Lakune Dewi Omba
Reka turut kali nggunakake gethek. Ana ing tengahe laku dumadakan udan deres
banget lan ana banjir bandhang. Gethek kang ditumpaki Dewi Omba Reka kerem.
Nanging Dewi Omba Reka ora cilik atine, banjur dheweke nggawe gethek maneh saka
pring lan nerusake laku. Amarga kateguhan ati lan keyakinan kang kuat wusanane
Dewi Omba Reka bisa tumeka ing desa Berahan. Ing kono Dewi Omba Reka ketemu
karo R. Burham. Dewi Omba Reka banjur sumungkem ing ngarepe R. Burham serta
masrahake uripe marang Sang wiku.
Tekane Dewi Omba Reka katampa kanthiapik dening R. Burham.
Dewi Omba Reka karengkuh kaya putrane dhewe. Saben dina diwulang wuruk
bab pedhomaning urip serta tata cara sasrawungan ing bebrayan. Kabeh
ngelmune R. Burham kaparingake Dewi Omba Reka. Dewi Omba Reka tansah
nyuwun pituduh marang Sang wiku, mligine obat kanggo nambani lelarane.
Amarga tangisane Dewi Omba Reka R. Burham banjur nyuwunake obat
marang gusti kang Akarya Jagad. Nalika semedi keprungu wangsit manawa
ora ana obat kang bisa maluyakake larane Dewa Omba Reka, kajaba kudu
didusi kanggo banyu kang ana ing telaga Sentanu kang ana ing wetane desa
kasebut.
Miturut crita Telaga Sentanu iku telaga papane adus para widadari.
Saben malem wulan purnama sidi kerep katon para widadari lagi ados lan
gegojekan, saenggo telaga ing sakiwatengene katon kuning kaya emas. Salah
sijine widadari kang ayu dhewe yaiku Dewi Amiswati kanng uga minangka
sesupuhing para widadari.
Nalika esuk Dewi Omba Reka diajak R. Burham menyang Telaga
Sentanu saperlu adus. Telaga iku mau gandane isih arum semerbak, jalaran
bengine bubar digunakake para widadari ados. Ing njero ttelaga kang adhem
iku Dewi Omba Reka hgresikki awake, sakwise merem lagi munggah nemoni
R. Burham kang nunggoni kanthi sabar. Dewi Omba Reka rumangsa gumun,
jalaran larane mari lan gandane kang banger wis ilang. R. Burham uga gumun
mirsani pasuryane Dewi Omba Reka kang sansoyo katon ayu.
Amarga saka iku lelorone dadi seneng banget jalaran panyuwune
dikabulake Gusti Kang Akarya Jagad. Sansaya suwe Dewi Omba Reka san
saya ayu, muloa ora mokal manawa R. Burham banjur kapranan marang Dewi
Omba Reka. Katresnane R. Burham katampa kanthi rasa seneng dening Dewi
Omba Reka. Wektu kuwi R. Burham wis kagungan garwa. Amarga ora kersa
diwayuh, mula banjur dipegat lan digawakake dalem ing sisih kidule desa
Berahan.
Kramane R. Burham karo Dewi Omba Raka dianakake ing masjid
Agung Demak. Lelorone urip rukun lan bagya mulya sinambi nyiarake agama
islam. R. Burham uga ngadegake masjid bebarengan karo sadulure yaiku Kyai
Nurhalam utawa Joyolelono, keturunane Pangeran Jaran Panoleh, Sultan
Bangkalan.
Sakwise R. Burham seda, disarekake ing samburine masjid kang
digawe mau lan nganti saiki papan mau isih dianggep keramat. Sasedane R.
Burham, Telaga Sentanu isih padha ditekani para pengunjung saperlu padha
adus supaya luwih ayu lan awi nom. Luwih – luwih ing dina Nisfu Sya’ban.